Senin, 09 Februari 2015

Certa rakyat asal mula lumpur kesongo

cerita rakyat

ASAL MULANE LUMPUR KESONGO


      Ing sawijining dina ning alas Randublatung Joko Linglung tapa. Lan maleh  awujud ula kang gedhe, saking suwene anggone tapa nganti awake Joko Linglung  di tukuli wit-witan. Joko Linglunga anggone tapa kudu karo mangap cangkeme uga kaya gowa. 
      Nganti ing sawijining dina ana sepuluh bocah angon kang nggoleki papan kanggo ngiup, bocah- bocah mau mlebu ning njero gowa kang sejatine awake Joko Linglung. Bocah-bocah mau mlebu neng wetenge Ula mau kajaba salah siji bocah kang lara gudiken (kudis) uga ora oleh melu mlebu kanca-kancane.
     Ing njero gowa bocah sanga mau pada ngepruki lan bacoki gowa mau, nganti Joko Linglung krasa lara lan nutup cangkeme lan bocah sanga mau mlebu neng wetenge Joko Linglung.
     Joko Linglung mau langsung mlebu ing njero bumi lan kadang- kadang metu ing  njaba bumi, ing panggonan kuwi akeh metu lumpur saka njero bumi kan diyakini ilere Joko Linglung.
    Bocah siji kang weruh kedadeyan mau langsung muleh lannyeritahake kahanan kuwi marang wong tuwane. Mula panggonan kuwi diarani kesongo utawa pesongo kang artine apese bocah songo, uga akeh lumur kang metu saka ilere Joko Linglung kang ngati saiki iseh  metu lumpure panggonan kuwi diarani "Lumpur Kesongo"



Tidak ada komentar:

Posting Komentar